Drama Tradisional Basa Jawa "Lembu Suro" klompok 3 IX-A SPENAMLAS
Автор: Kaffah Moh
Загружено: 2025-12-07
Просмотров: 29
Miturut legenda rakyat Kediri, Gunung Kelud biyèn ora kaya saiki. Crita iki ana gandhèngané karo Lembu Suro, raksasa sakti kang nduwèni wujud kaya banteng gedhé nanging bisa mikir lan ngomong kaya manungsa.
Nalika semana, Lembu Suro tresna marang Dewi Pusparini, putri ayu saka Kerajaan Kediri. Lembu Suro banjur ngajokaké lamaran. Amarga wedi lan ora gelem, Pusparini paring syarat abot supaya Lembu Suro mundur dhéwé.
Syaraté yaiku:
"Gawenana sumur ing sadhuwure gunung"
Gunung sing dimaksud yaiku gunung sing saiki dikenal minangka Gunung Kelud.
Lembu Suro nampa lan wiwit ngayahi syarat kuwi. Kanthi kesaktiané, ing tengah wengi dhèwèké nggali sumur ing pucuk gunung kanthi cepet. Swara galiané banter lan geni saka kasaktiané madhangi sak gunung.
Nalika sumur meh rampung, Dewi Pusparini lan para warga kraton dadi kuwatir. Yen sumur rampung, Lembu Suro mesthi ngrasa menang lan maksa Pusparini supaya nampa lamarane. Mula wong-wong ngarang strategi kanggo ngagagalaké.
Nalika Lembu Suro isih ana ing jeron sumur, wong-wong langsung
ngurugi sumur kuwi nganggo lemah, watu, lan pasir nganti sumur ketutup kabeh. Lembu Suro kejebak lan ora bisa metu.
Sadar yen dhèwèké diapusi lan dikubur urip-urip, Lembu Suro nguwuh lan nglontar kutukan:
"hey..., brawiyaya mbesok bakal kepethuk piwalesku kang makaping kaping. Yaiku Kediri bakal dadi kali, blitar dadi latar, tulungagung dadi kedung."
Sakwisé sumpahé Lembu Sura, saben rong abad mesthi ana bebendu ing Gunung
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: