Logondhang Bedhayan dhawah Ketawang Wigaringtyas Laras Pelog Pathet 6
Автор: Bawarasa
Загружено: 2020-11-10
Просмотров: 34506
kuneng, ingkang kacarita
nenggih ingkang wonten nagri hastina
maha prabu Duryudana
kendel sangajenging gapura rinengga
nyata inggiling gapura
prayata ngungkuli pucang tritisan
mangka siraping gapura
kang sami sinung manikmaya
gunging sak pucaking
sumebyar nelahi
hamimbuhi padang jroning
pura wanci panglong lir purnama sidhi
lamun wanci padhang mbulan
kadya rinaja ing lebeting pura
kang katemah kadi rina
mila kang minangka bathara kukila
peksi, jiwa-jiwa jejodhoan
yen saba ing wanci rina
lamun nyusuh amarengi wanci ratri
mila, sangya janma jroning pura
anut jangtraning kukila
kawuryan malela ingkang bale rukmi
unggyan sang dyah banowati
nyata prabu kurupati
sakala jroning rinujit
kapanduk asmara turida ing galih
ing tyas, tuhu tan bangkit ingampah
sigra ngesti jro patunggon
sang dyah banowati rikma sesinoman
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: