KPJ 181 PUJI SOKUR KONJUK GUSTI | BAIT 1-2 | KARAOKE LAGU KIDUNG📖✝
Автор: GKJW MADIUN LOR Kelompok Sendangrejo
Загружено: 2025-11-28
Просмотров: 9
KPJ 181 PUJI SOKUR KONJUK GUSTI
1
Puji sokur konjuk Gusti, wit sihrahmat Paduka;
datan kendhat angasihi. cihnaning kawlasanta.
Sokur paring ingpakaryan, nadyan badamba ringkih;
sokur dene kadang mitra tansah anandukken sih.
2
Sokur, dene sesekaran, sedhep, endah ing warni
sokur mega ngantariksa, miwah surya ndadari.
Sokur krana bingah-sisah, Gusti tansah rumeksa;
awit Paduka kang tansah nuntun lampah kawula.
3
Sokur, wit brayat kawula rukun samnya sinihan;
sokur dene pasamuwan nuwuhken katentreman.
Sokur, krana wancinira bingah utawi sisah;
sokur de gesang kawula neng pamengkuning Allah.
°°°°°°°°°°°°°°°°°°°©November2025°°°°°°°°°°°°°°°°°°°°°
#kpj181 #pujisokurkonjukgusti #gkjw #ibadahminggu #kelompoksendangrejo #gkjwmadiunlor #pradigdafamily #bersyukur #lagurohani #ibadahadiyuswo #lagukidungjemaat #ibadahkrw
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: