KPJ 217 Dalu Santi (O Holy Night) - Kidung Pasamuwan Jawi
Автор: Yoshia Benedict Parasian
Загружено: 2025-12-04
Просмотров: 226
KPJ 217 DALU SANTI
Adolphe Adam
00:00 Bait 1 Dalu santi, abyor cahyèng kartika;
01:52 Bait 2 Dalu santi, lintang panjer sung cahya;
03:34 Bait 3 Dalu santi, putra tedhak nèng donya;
1
Dalu santi, abyor cahyèng kartika; dalu suci miyosing Pamarta.
Jagad raya kang risak wit duraka den pulihkèn pindha Pirdus mulya.
Pra manungsa kang sangsara wit dosa, linuwaran mrih tentrem raharja.
Swawi sujud saos bekti mring Gusti.
Dalu santi, Panebus wus manjalma;
dalu suci, dalu, dalu santi.
2
Dalu santi, lintang panjer sung cahya; dalu suci, rawuhing Sang Putra.
Bayi suci rinengga kaapesan, karsa mbikak korining kaswargan;
angrukunken Allah klayan manungsa, wah sung gesang sejati, sampurna.
3
Dalu santi, putra tedhak nèng donya; dalu suci, mlaékat sung puja.
Kang Mamulya karsa ngesorken srira, ngrembat dosa mrih jagad slameta.
Dayaning pati mangkya ingasorken, pra manungsa sinung gesang langgeng.
#kidungpasamuwanjawi
#yoshiabenedict
#musikibadah #musikrohani #musikgereja
#laguibadah #lagurohani #lagugereja
#kpj #ybp
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: