Drama basa jawa BAYU LAN GORESAN WANI
Автор: Satria Moko
Загружено: 2025-12-09
Просмотров: 93
Cerita iki nyritakake babagan Bayu, sawijining remaja sing nduwèni bakat luar biasa ing seni gambar. Sanajan pendiam lan sederhana, nggambar dadi panggonan sing nggawe dheweke rumangsa urip lan percaya diri. Nalika ana lomba gambar tingkat provinsi, Bayu nduwèni kesempatan gedhé kanggo mbuktekake bakaté.
Nanging, wong tuwane ora nyengkuyung. Bapaké nganggep seni mung hobi lan ora bakal nggawa masa depan sing jelas. Bayu ngrasakake kuciwa lan patah semangat, amarga impene ora direstui. Ing wektu sing angel, kanca cedhake, Bintang, maringi semangat lan ngelingake yen tanpa nyoba, Bayu ora bakal ngerti kemampuan sejatine.
Cerita iki nuduhake konflik antar generasi: rasa wedi wong tuwa marang masa depan anak lan perjuangan anak kanggo nggayuh cita-cita. Pungkasane, crita iki ngajari yen cinta ora mesthi kudu setuju, nanging butuh saling ngerti lan wani ngomong supaya impian ora mati.
Tokoh utama: Ziyan fattah (Bayu)
Bapak: Vreya farandika
Ibu: Naysila Eka
Guru les:Naysila Okta
Konco Bayu: -Riyan Diki (bintang)
-Musyafa Riski
Zeova hardya arjuna
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: