Wanuh : Upacara Saparan Bekakak Gunung Gamping taun 1920
Автор: Potret Wayangku
Загружено: 2022-01-27
Просмотров: 3276
Salam budaya, Potret Wayangku
Jemuwah pahing, 17 Jumadilakhir
taun Alip 1955
Katuraken kagem kanca-kanca sutresna budaya ing pundi kemawon khususipun para kanca ing Kapanewon Gamping.
Upacara Slametan kagungan Dalem Gunung Gamping inggih Upacara Bekakak inggih Saparan bekakak ing Gunung Gamping.
Dokumentasi jaman walanda lampahing upacara punika kawiwitan potret pasisir kidul sigeg kawontenan papan upacara sarta wujudipun bekakak lajeng dibeleh sigeg kirab ubarampe upacara joli, jodhang, gendruwo lan wewe , pengageng Dhistrik Gamping sarta kaurung-urung umbul-umbul sigeg kawontenan ing redi Gamping.
Kacariyos panaliten para sarjana geologi, pareden Gamping rumiyin nalika jaman prahistoris kira-kira 40 yuta taun kapungkur tasih wonten dhasar segara lajeng 1,6 yuta kapungkur karana obahing lempeng-lempeng bumi geser-numbuk ngangkat pareden wau mumbul aneng dharatan.
Ing abad 17-18 caket pareden wau kabangun Pesanggrahan nama Ambarketawang dening R.M Sujana (Ngarsa Dalem ping I) saderengipun pindha wonten karaton Dalem sakmenika.
Miturut sumber rama R.M Jayengwiharja pareden wau mujur ngulon-ngetan, gunung paling inggil nama gunung gong, lajeng wonten cathetan saking tuwan Junghuhn dipun gambaraken kulon kitha Ngayogya wonten sela-sela ageng kados jugrugan gunung tumpang tindih wonten ingkang ngadeg sarta malang megung, ing sisih kidul redi tiyang jawi sami mendheti kapur kagawa ngangge grobak katarik kebo.
Abad 18-19 awal ing Ngayogya ngrembaka babrik-babrik gula ngantos 19 iji, kapur punika salahsatunggaling bahan penting tumrap pangolahan tebu dados gula pasir inggih dadi pemurni nira saking rereget supaya mangkih asil gulanipun saget putih lajeng ampasipun wau kasebut blothong (niku ambune banger sanget).
Ing taun 1820 produksi tobong-tobong sakiwa-tengene redi Gamping sewulan saget ngasilake 37 ton kapur mateng.
Sabab kabethaan kapur saya kathah Redi Gamping ditambang masif lajeng pareden wau saya dangu saya alit ngantos sakmenika kantun alit inggil ipun kirang langkung 10 meter. Wiwit 1989 watu tilas pareden wau dados Cagar alam & Taman Wisata, punika saget dados pepenget, saksi sejarah tumrap kula lan panjenegan bilih rumiyin wonten pareden ageng saking jaman purba ing daerah Gamping, DIY.
Kapustakan :
kapethik saking clip java reel, the asia society record (FA110), film silent/bisu black and white 35 mm circa 1920s dening tuwan Tassilo adam,
Channel Rockfeller Archive Center.
Upacara tradisional saparan daerah Gamping dan Wonolelo Daerah Istimewa Yogyakarta, Departemen P&K 1992-1993.
Sejarah Budaya TWA Batu Gamping, BKSDA 2017.
Pergeseran makna budaya bekakak Gamping, Fiki Trisnawati Wulandari, Fisip UPN VETERAN YOGYAKARTA 2011.
Sketsa tuwan Junghuhn 1833-1839, KITLV.
Upacara taun 1935, Nationaal Archief.
Upacara taun 1956, Djawatan Penerangan Kab.Sleman.
Bausastra Jawa, Ki Purwadaminto, situs yayasan sastra lestari.
Google translate, Lik gugel.
Tektonik Pulau Jawa, situs geoenviron wordpress, 2014.
Situs resmi Kraton Jogja.
Gendhing ladrang teguh jiwa, RRI Ngayogyakarta, suara Parangtritis Am Bantul.
(*1) Almanak (H.Buning), pengageng Dhistrik Gamping ngrangkep nyepeng panguwasa wedalipun gamping saking Redi Gamping taun 1890-1892 : R.Panji Nata Amipraja lajeng taun 1895-1911 : Mas Panji Nataamipraja kabawah Kabupaten Suleman, Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat.
#Bekakak #Bekakakgamping #bekakaktempodulu #jogjatempodulu #jogjaistimewa
Mbok mbilih kathah kalepatanipun kula nyuwun pangaputen lan kersa paring panyaruwe ingkang prayogi.
Semoga bermanfaat 🤓,
Matur nuwun
Thanks for watching
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: