Toying Harwulan - Piningit (Official Video)
Автор: Toying Harwulan
Загружено: 2025-08-10
Просмотров: 731039
PININGIT
Words and Music by Toying Harwulan
Cipta: Toying Harwulan
Artis: Toying Harwulan
Verse
Pasrah sumarah
Kapiji minangka wadhah
Si Bocah Angon
Kamomong Ki Sabda Palon
Pre Chorus
Mumpuni sakehing kawruh
Angesthi sadaya dhawuh
Ageman budi suci
Kang wus manjing sabda janji dadi
Verse
Laku lakon sinandhang
Pacoban krenah lan wirang
Lila legawa
Ing ngarsa anila brata
Pre Chorus
Gegujeng Trisula Wedha
Amadhangi jagat raya
Wengi pindha kartika
Apan rina kadya bagaskara
Chorus
Mberat angkara murka
Anteng nuduhke deleng
Rep sirep pageblug
Sirna lelara lan memala
Welasih mring kawula
Gya samya ayem tentrem
Rip urup arupi
Mamayu Hayuning Bawana
Verse
Lamun wanci ing titi
Tiba wayah mangsa kala
Ana dewa ngejawantah
Sri Kresna pasuryanira
Pre Chorus
Satria pinandhita
Sinisihan pulung wahyu
Datan bisa suwala
Anetepi jangka Nuswantara
Back to Chorus
Coda
Wingit lungit piningit
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: