KUMPULAN SULUK, MACAPAT DAN ADA-ADA KHAS SUJIWO TEJO VOL. 2 | The Mantra of Everything
Автор: Sujiwo Tejo
Загружено: 2025-04-14
Просмотров: 1719
#soundrelaxation #javanesemusic #wisdom
ADA-ADA GIRISA / SULUK LENGLENG GATI
Lengleng gati nikang awan saba-saba nikeng Astina
Samantara tekeng Tegalkuru Nararya Kresna
Sira Parasu Rama Kanwa Janaka durur Naradha
Kapanggih ri kang tegal milu ing karya sang bupati.
ADA-ADA GREGET SAUT / SULUK SIGRO BOLO
Sigra kang bala tumingal
Acampuh sami medali
Lir thathit wileting ganda
Dhanghyang gung manguncang niti
Benjang sang aji mijil
Lathinya medali wuwus
Trustha sura wilaga
Kaya buta singa wregil
Pasthi jangga dhendhannya mangambak baya
ADA-ADA GIRISA / SULUK WIWARANING
Wiwaraning warana kang werit
Kinawruhan wengane tan samar
Kasarira saarine
Wruh rahayuning luyut
Yitna nora kewraning westhi
Mangkana kang waskitha
Marma den anggayuh
Wahyu ayuning kasidan
Ywa katungkul ulah kamulyaning urip
Tan urup kinurepan
ADA-ADA GREGET SAUT / SULUK ONO PANDITO
Ana pandhita akarya wangsit
Pindha kombang angajabing tawang
Susuh angin ngendi nggone
Lawan galihing kangkung
Wekasane langit jaladri
Isining wuluh wung wang
Lan gigiring punglu
Tapaking kontul anglayang
Manuk miber uluke ngungkuli langit
Kusuma njrahing tawang
ADA-ADA GREGET SAUT / SULUK RIDU MAWUR
Ridhu mawor mangawur-awur wurahan
Tengaraning ajurit
Gong maguru gangsa
Teteg kadya butula
Wor panjriting turanggesthi
Rekatak ingkang
Dwaja lelayu sebit
Dalang: IG @president_jancukers
Gender: IG @enlind5506
Suling/siter: IG @kukuh_indrasmara
Gambang: IG @samsmara_2024
Rebab: IG @dhianasmoro.batik
Gong: IG @y.putropendowo
Penerjemah: IG @zwestyaridasarie
Editor video: IG @yunussetiawan2
Penyelaras akhir: IG @purpalart
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: