Tembang Macapat Gambuh
Автор: FIB UNS
Загружено: 2020-04-19
Просмотров: 74
Karya Dosen Sastra Daerah FIB UNS, Drs. Sutarjo, M.Hum.
DONGA TOLAK BALAK PAGEBLUG CORONA
GAMBUH
Gusti paring pemut/ maring titah ing jagad sadarum/ lumantar lelara corona kang wengis/
jagad ketaman bebendu/ kang usada durung katon//
Gusti Kang Mahaagung/ kanthi corona samya denemut/ aja dhemen dumeh ngongasaken dhiri/ rina wengi kumalungkung/ tansah tumindak kang asor//
Pangapura tumurun/ corona bali mring asalipun/ pra manungsa wus angendelaken pikir/
ngasah raos lantip kalbu/ dhedhepe maring Hyang Manon//
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: