Tresno Waranggono - Erlina duet Cak Gudhel MC | New Karseamirba Official
Автор: New Karseamirba Official
Загружено: 2024-09-25
Просмотров: 30584
Judul : Tresno Waranggono
Ciptaan : Nurbayan
Vocal : Erlina & Cak Gudhel MC
Lirik :
Nelangsa rasa-rasane
Nangis jroning atiku
Yen kelingan esem gemuyumu
Laraswara gendhing tresna
Gawe kangen ning atiku
Tansah eling aku ro sliramu
Duh, Kangmas, saktenane
Aku ngerti atimu
Yen wis mesthine aku du jodhohmu
Pancen rasa kari rasa
Kudu lila nggonmu nrima
Lilakna aku nyandhing priya liya
Ra kerasa wis sewindu
Nggonku ora ketemu
Kegugah atiku krungu suwaramu
Aku mung bisa dedonga
Waranggana sing tak tresna
Muga bisa urip tentrem-mulya
Tak tulis lakon tresnamu
Ing gendhing katresnanku
Tak tembangke saben kangen sliramu
Saktenane, aku nangis
Nanging, tresna wis ginaris
Tak lakoni kanthi ikhlas ati
Wuyungku ngelayung
Ngembara ing awang-awang
Tanpa bisa nyandhing
Aku mung bisa nyawang (hu-uh)
Tumetes eluhku
Nderes mili ana pipi
Apa tresna iki pancen
Ra kudu nduweni?
Wis lilakna aku, Kangmas
Wis cukup lalekna
Lelakon tresna iki bakal dadi crita
Tresna waranggana
Video Original by @LEAKASMARA
Link video original : https://www.youtube.com/live/vvll0D9C6tk
Audio Sound System support by AFB PRO AUDIO
Terimakasih!
#dangdut #dangdutkoplo #ksm #drumband #hiburan #newkarseamirba #hiburandangdut #newksm
Доступные форматы для скачивания:
Скачать видео mp4
-
Информация по загрузке: